07 Juli 2009

Senyum ala Van Java 2

ORA NDUWE ISIN

Kedadean iki nalika ana gawe ing daleme pak S, tangga desaku kang dadi pimpinan ing salah sijine kantor pemerintahan lan pancen sugih dhewe ing desane. Hajatan iku mantu putrane kang asma mbak S kang uga ngasata ing kantor pemerintah. Saliyane ngono dulure akeh lan akeh-akehe dadi pejabat. Acarane mantu uga ora baen–baen suwine, rong ndina rong mbengi lagi cukup.

Amarga acarane wong gedhe mau tangga–tangga desa padha krungu kabar. Mula bocah–bocah ning desaku ing malem kapisan ora ketinggalan padha nglencer nonton pasugatan sing pancen meriah lan kaya tontonan agustusan ing lapangan desa.

Ing wengi kang akhir bocah–bocah ora ketinggalan ngrencana budhal ndelok keramean ing daleme pak S. Ananging salah sijine bocah–bocah mau ana kang teka saka megawe ing Malaysia . Nduweni ide sapa kang wani macak nyleneh terus buwuh ing daleme pak S arepe dibayar, ya pancen wae duwite akeh. Ndilalah ya ana wong kang gelem nrima tantangane bocah–bocah mau. Wong mau aran kang T. Kang T nrima tantangan ngemperi salah siji acara ing TV kae, yaiku macak dadi wong edan nganggo sragam hansip lengkap karo mbisu.

Tenan, wengi iku kang T budhal nang daleme pak S diterake bocah–bocah. Kang T mlebu temenan dadi tamune pak S, dene bocah–bocah mau ambyur karo para warga kang padha ndelok hiburan ing kono.

Mesthi wae para penerima tamu ing kono padha bingung nrima tamu kang nyleneh kaya mangkono mau, tambah maneh aksine kang T kang mbisu. Malah durung dimanggakne, kang T kang dadi tamu nyleneh mau telap–telep mangani jajan lan sega rames ing kono. Ngerti ing ngarep rada umyek amarga ana tamu aneh, tuan rumahe mara ing ngarep nemoni karo nakoni kang T. Pranyata kang T panggah ora gelem nanggapi pak S, malah tansaya sengkut olehe mangan ing kono. Tuan rumahe tambah bingung amarga si tamu mau tambah katon tansaya nyleneh.

Dumadakan ana tamu kang mlebu karo nggawa kamera digital, nyoting lan nyedeki tamu mau. Sanalika tamu mau klunuh–klunuh pamitan, lha si tamu mau njagong karo pak S lan nagturake luput, yen tamu mau kongkonane bocah–bocah nom-noman. Mesthi wae pak S njomblak karo nggabloki tamune kang ora liya bocah kang lagi wae teka saka Malaysia , kang dadi sponsore tamu kang ora nduwe isin mau. Cah… cah kok ya ana–ana bae.*

NGESAKI APEL

Aku kelingan nalika dadi manten anyar, dina iku mentas wae diterake saka daleme morotuwo. Sakbubare sedulur-sedulur sing ngeterake aku sak kloron padha kondur, mesthi wae piyantun– piyantun pawon kang genti ribet. Masiya bojoku mau durung pati wanuh karo sedulur-sedulurku, terus lukar klambi manten ganti klambi biasa lan nimbrung melu ringkes–ringkes piring tilas isi jajan lan buah kang pating dhacah ana ing tumpang meja.

Bojoku ya katon semangat masiya rada isin, ya pancen durung nate tak jak nganti suwe ing omahku, mesthi durung ana kang dikenali sakliyane sedulur-sedulurku kandung lan dulur cedhak. Karo digojloki ngalor-ngidul, dhasar manten anyar, bojoku ya katon tatak wae karo setengah abang ireng.

Nalika ringkes-ringkes iku bojoku kepengin banget mangan apel abang kang isih ana ing piring kang diringkesi iku, ananging arep mangan iku yo isih sungkan karo kanca–kanca liya kang isih ribet ketambahan ethok-ethok rada isin barang ning daleme maratuwo. Jarene bojoku meleke menyang apel iku setengah ngiler. Saking pengine, bojoku tolah-toleh nggoleki ngenteni limpene kanca-kanca, terus ngesaki apel kang ana ing piring mau terus nerusake olehe rewang-rewang.

Cukup olehe ringkes-ringkes, terus rewang korah-korah ana mburi. Lha ngepasi iwut iku mau, bojoku lali karo apele kang ana sak, bubar dengklak-dengkluk njupuki piring-piring kang resik apel mau ceblok menyang mester saka sake. Mesthi wae nggawe kaget lan isinne bojoku. Lha wong-wong kang ing kono uga padha kudu ngguyu, apa tumon mantene wedok ngesaki apel. “Mbak-mbak didahar wae ya ora apa-apa lo, ning daleme dhewe wae kok”, guneme adikku. Ngerti kaya mangkono, sedulur-sedulur kang rewang malah saya ndadi olehe nggojloki. Mesthi wae nambahi isin lan abang irenge pipine bojoku, apa maneh bareng nglirik mara tuwa. Aduh dik, dik…*