07 Juli 2009

Ayo senyum ala Van Java

CLANA SILIHAN

Nalika ing kos-kosan Lidah Wetan, Surabaya . Omah kosan iku dinggoni rolas bocah kuliahan. Saben sak kamar diisi bocah loro, dadi jumlahe kamar ana enem. Aku kebeneran bagian sak kamar karo bocah Adipala, Cilacap, Jawa Tengah.

Masiya dibagehi kamar dhewe-dhewe, bocah-bocah ora mesthi turu ing kamare. Mesthi manggon sak kepenake dhewe-dhewe. Semono uga aku, yen ngantuk ning kamar sebelah ya turu ning kana. Bar teka kampus kanca-kanca ngumpul ning kamar ngarep. Aku ya nimbrung ning kono, nganti barang-barang kaya buku, tas, lan klambi ing saben kamar mesthi ketinggalan.

Yen klambi, clana, nganggone ya mesthi gentian. Endi sing resik mesthi dhisik-dhisikan nganggo, endi sing cocok mesthi melu nganggo. Repote yen clana utawa klambi bar diumbah, sesuk arep dienggo terus didhisiki kanca. Jan mangkelake tenan.

Isuk kuwi ngepasi kuliahawan sekitar jam sanganan, mesthi wae bubar subuhanaku nyekingker maneh mandak kabeh wis siap, paling-paling kari sarapan isa ning protelon gang sepuluh karo budhal. Tangiku udakara jam wolu seprapatan, age-age adus, bali nyang kamar karo bebetan andhuk. Karo siso-siso aku mbukak lemari cilik wadhah sandhangan. Tak olak-alik clana lan klambi sing wis daksetlika wis ora ana. Wis , mesthi iki dienggo arek-arek, mikirku.

Tak goleki klambine arek-arek, kabeh sing resik wis ora ana. “kurang ajar tenan arek iki,” gremengku. Tak parani nang kamar-kamar liya kabeh wis budhal tur kamare kabeh dikunci. “Semprul tenan!” mbengokku. Lha piye kabeh klambi sing ana kari reget, pirang-pirang dina mesthi ora diumbah. Akhire dak wanek-wanekake ngampil ning pak kos. Bareng awakku cilik, pak kos gedhe , nggolek sing pas ya ora ana. Sak anane dak gawe wae. Teka kampus telat, pancen wayahe PPL 1, ndilalah aku oleh bagian tampil mulang urutan siji. Kanca-kancaku padha ngguyu kabeh nalika aku mlebu kantor. Nyapa?? Clanaku kegedhen lan resletinge isih mbukak…@

ESCALATOR MUDHUN DIKIRA MUNGGAH

Kaya biasane yen wisuda, bapak lan ibu mesthi rawuh. Nalikane adikku diwisudha dhek Nopember kepungkur, bapak, ibu, lan adhik-adhikku uga ora ketinggalan, dulurku kanga ran pak S uga katut pisan. Malah rencanane wis disusun sak wulan sadurunge acara.

Adhikku sing lanang malah nggawa program, sawise acara wisuda rampung kabeh kudu mampir Tunjungan Plazaidhep-idhep jarang nglencer ing Surabaya . Ananging pak S katone ora pati sarujuk amarga ing ndalem ana acara mantenane tonggo. Dhasar adhikku bocahe bandhel, pak S rada dipeksa tindak Tunjungan Plaza bebarengan.

Sawise acara wisuda rampung, langsung menyang Tunjungan Plaza . Tekan kana muter-muter ora bareng ning semayan, yen wis jam setengah papat kudu ning parkiran. Aku kebagian ndherekne bapak, ibu lan pak S. Ana lantai siji ora suwe, kersane ndang kemput sampek ndhuwur dhewe terus istirahat.

Aku ndherek wae kersane bapak. Aku ndherekne ana mburi ning ya tetep namatake rega barang-barang masiya aku ora arep tuku, nganti ora pati nggatekake sapa kang dak dherekake. Malah priyantun telu bubar dhewe-dhewe. Ning penjaga counter sing ngepasi ning ngarepku padha ngguyu kabeh. Bareng aku noleh menyang mburi, wadhuh!! Pak S salah dalan. Escalator sing mudhun, pak S malah tindak munggah. Dadine ya malah mandhek lan rada sempoyongan. “Wah pak S, menika ingkang mandhap pak??” untunge ora pati ana wong. “Sorry ya mbak, bapak iki wis sepuh,” kandhaku karo ngandheng pak S pindhah menyang escalator munggah. He..he..dhasar wong ndesa….@

SEPEDHAH MONTOR SILIHAN

Dina iku pancen rada kesengsem tenan, lha piye kancaku sak kosan lagi wae padha bali menyang daerahe dhewe. Kancaku mau nggawa sepedhah montor, ananging dheweke bali jajal numpak sepur. Mesthi wae aku kang dipasrahi ngopeni ples sak nggawene, menyang kampus ya dak gawa. Kaya dina iku lagi ana pentas tari jurusan arek-arek jurusan pendidikan seni tari, aku ora ketinggalan nonton. Sakliyane murah banget, idhep-idhep nggolek hiburan tur ana sepedhah montor nganggur.

Sepedhah montor tak parkir lan tak titipake satpam kang jaga. Aku langsung mlebu amarga karcise wis tuku dina sakdurunge lan oleh ijol stiker . Ananging lagi oleh telung pementasan aku ora betah ngantuke, pancen kegiatane jam loro awan tur aku kawit isuk kuliah padhet, bengine nglembur tugas nganti wengi.

Aku age-age metu, njujug menyang parkiran. Ing parkiran katon akeh cewek-cewek kang nggrombol, wis mesthi ora percaya diri aku, lha piye, aku lanang dhewe nrobos cewek sak mono akehe. Gandheng aku wis kadhung kesel, dak wanek-wanekake, ora lidok “mas, dhewekan ya??”, “tak kancani ya?”, wis embuh akeh cluluke arek-arek mau. Aku meneng wae karo semu ingah-ingih.

Aku terus jupuk sepedhah karo ora pati maelu gojlogane cewek-cewek mau, bareng kontak tak lebokake kok ora mlebu-mlebu, tak uthak-uthik panggah ora kenek, “nyapa iki?”, grenengku dhewe. Bareng tak sawang, walah jebule sing tak gawa dudu sepedhahe montor kancaku. Akhire aku mbalik maneh ngijolne sepedhah, karo abang ireng ngrungokake gojlokane cewek-cewek mau. Dhasar cowok ora pedhean…he..he…@

TANDA TANGAN

Pak R kuliahe wis ngancik semester akhir, program penyetaraan kang didhereki kari nggarap skripsi lan ndherek kuliah patang sks. Tindak kampus seminggu telung ndina malah mlebune sore jam loro nganti bubar maghrib. Kang repot iku yen ngepasi musim rendheng, lha daleme Pnggul terus kuliahe ana ing Trenggalek.

Nalika nggarap skripsi wulane Januari udan kala semana wis deres, jadwale ngrampungake skripsi kang siap diuji. Nalika iku wiwit jam sanga wis udan, isuk wis ngendikan karo aku,”Dik, aku engko ki wayahe nyuwun tanda tangan nyang dosen penguji, jadwale jam setengah loro”. Tak sauri wae,”Kantun ngaten mawon kok, berarti skripsinipun rak 99,99 persen beres,” karo setengah tak guyoni. “Udane iki lho sing setengah tak awang-awangi,” ngendikane karo ngemu susah tenan.

Jam sewelas wis pamit dhisik marang Kepala Sekolah, pak R kelakon budhal tenan nembus udan lan thathit kang kadhang kala ana bledheke barang, karo ngasta pirang-pirang bendhel skripsian kang during dijilid. Saibo repote maneh rawuh Trenggalek ing ngarepe SMA 1, pak R meh wae nubruk bocah sekolah kang nyabrang dalan, sakala pak R ngerim ngeget sepedhahe. Untung ora nganti nubruk, mung wae skripsian kang dijepit ing antarane setir lan jok sepedhahe padha ceblok malah ana salah sijine tik-tikan computer kang mblobor kena banyu, akhire pak R pinarak rentalan cedhake kampus. Tenan, bareng dicek salah sijine lembar kanga arep disuwunake tapak asma katut mblobor.

Yen lagi apes, rentalan kok ya antri, pak R telat nggoleki dhosene, jam wis nudhuhake jam telu kurang sithik. Wis mesthi bingunge, sesuk padahal kudu nderek ujian, wis kadhung bingunge pak R kepeksa arep nanda tangani piyambak pengesahan skripsi mau. “Menawi kepareng kula tanda tanganane pak sanipun pajeng?”, swara saka mburi pak R, sakala pak R jomblak, “ ngapunten pak..” karo ngaturake lembar pengesahan lan ngendikan apa kedadean kang sakbenere. “Walah…walah….nggih boten kepareng to pak, naminipun rak pemalsuan….” Gunemku ing Sekolahan karo Pak R.@